Surabaya, (pawartajatim.com) – Panganan anyar dino Idul Adha. Rong dino maneh wong Islam sak dunyo podo ngelakoni ibadah Idul Adha. Yo isok sing diarani Idul Qurban. Mergo ning dino Iki umat Islam sing mampu diwajibno qurban ternak. Koyok sapi, kebo, unto, dibeleh terus dagingnge didum nang wong sing nduweni hak nurut Al Qur’an.
Biasane, karo uwong-uwong daging sapi qurban dimasak sop, utowo rawon. Lek daging wedus dimasak sate, gule, paling pol dimasak kare. Wong- wong masak ngono terus suwe-suwe bosen dadine.
Mangkane opo sing dadi ngersulone wong akeh iki digolekno dalan metune karo Penggede Tukang Masak’e Hotel Luminor Suroboyo, Sukismanto. Dia nggawe masakan anyar sing dijenengno Igo Wedhus Bumbu Kacang, Wong Inggris ngarani panganan Iki “Lamb Ribs Skewer With Rock Peanut Sauce”.

Carane nggawe, daging wedhus diumbah resik, disigar cilik- cilik, digodok sampe empuk gak alot, maringono dibumboni karo rempah- rempah bawang abang, bawang poteh, laos, kemiri, merico sing wis diulek alus.
Indonesia iku panggone rempah- rempah kaet zaman kerajaan Nusantara, mangkane ojok Wedi kentek’an. Bumbu alus terus digongso karo parutane klop sampek wernone sing poteh dadi suoklat.
Maringono disisihno titik digawe campurane nggongso sego. Sisae bumbu digawe ngggongso daging wedhus, teros daginge disunduk karo sujen maringono ditunu sampek metu ambune sing enak.
Sego sing onok dicampur karo parutan klopo terus digongso sampek dadi koyok sego goreng. “Terus disiapno bumbu kacang teko bahan kacang, lombok cilik, Lombok gede, bawang poteh, karo bawang abang,” jarene Sukismanto, nang pawartajatim Selasa (27/6).
Panganan wis dadi, kari noto nang piring karo ditambahi hiasan teko sayur utowo buah supoyo luwih ketok apik. Masak’an Iki rencanane disuguhno gawe tamu sing sarapan nang Hotel Luminor tanggal 29 Juni 2023 mulai jam 06.00 WIB sampek 10.00 WIB, kanggo tamu sing gak seneng masak’an wedhus onok pilihan liyane, menu panganan Indonesia utowo Eropa. (nanang)